Assalamu’alaikum wr. Wb….
Allahuakbar 3x
Allahuakbar kabiru wal hamdulillahi kasiro, wasubhanallohi
bukhrota wa’asila laila haillolloh huallahuakbar..
Allahuakbar walillahilkham..
Minal hamdalillah nahmaduhu wanas ta’inuhuwanastaqfiru
wana’udubillah mingsururi anfusina wamin sayiati akmalina mayyah dihi fala
mudilalah wamayyutlilhu wala hadiyalah ashaduala ila ha ilalloh wa ashadu ana muhammadan
abduhu warosuluh, allohuma soli’ala Muhammad wa’ala ali Muhammad kamasholaita
‘ala ibrohim wa’ala ibrohim fil ‘ala mina innaka hamidummajid
Ya ayyuhalladzina amanu qitakkullah qitaqullaha qakotu qotihi
wala tamutu ila wa antum muslimun,qolallohu ta’ala filqur’anil karim,
bismillahirrohmanirrohim ya ayyuhalladzina amanu kutiba alaikumussiam kama
kutiba ‘alaladzina minqoblikum la’alakum tattaqun. Wa qola rosulolloh Muhammad
SAW: Man shouma Romadhona imanan wahtisaban qofirolahu maataqodama mimdambih.
Ama ba’du..
Dumateng panjenenganipun Bp.imam ingkang kawula
hurmati..
Dumateng panjenenganipun muslimin muslimat jama’ah
idhul fitri ingkang insyaallah dipun mulyakaken Allah SWT.
Kangge murwa kane atur khutbah kawula, sumangga kita
sareng-sareng ngunjukaken puja puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT
ingkang sampun paring pinten-pinten rahmat, hidayah , inayahipun,
langkung-langkung nikmat iman islam , sehingga kita saget nindakaken siam
sewulan muput saha kita saget nindakaken sholat idhul fitri kanti berjamaah
wonten masjid al-jihad ing enjang puniko. Tan katalumpen, sholawat salam kunjuk
dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW..ingkang sampun mbeta kita
saking jaman jahiliyah sehingga kita saget mengenal dinul islam. Semanten ugi,
ingkang insyaallah kita tenggo syafa’at lan pitulunganipun wonten ing akhirat
samangkeh..
Allahuakbar 3x, walillahilkham..
Perlu
kita ucapaken syukur saha kita sadari bilih wonten ing enjang puniko Allah
‘Azza Wajalla ngetingalaken kemulyaan
saha keagungan lan kebesaranipun, sehingga sedoyo umat islam wonten ing
lumahing bumi kureping langit , wonten ing plosok-plosok dusun utawi ing
tengah-tengah kitho, wonten ing masjid-masjid lan mushola-mushola, lan wonten
ing tanah lapang, kita sami-sami bertauhid dumateng Allah SWT kanthi bangkit
sesarengan mengumandangaken takbir, tahlil, saha tahmid.
Awit
saking puniko, wonten ing kesempatan ingkang berbahagia puniko kawula ngajak
dumateng diri pribadi kawula khususipun saha panjenengan sami, mangga-mangga
kita tundhukaken jiwa lan raga kita kangge patuh dumateng ngarsa dalem Allah
SWT, sebab kanthi raos taqwa puniko insyaallah kita sedaya kalebet
tiyang-tiyang ingkang khusnul khotimah saha kaparingan kamulyan gesang wonten ing sisi Allah SWT.
“Sebab
mulyane manungsa mungguhing gusti Allah mboten saking bagusing busana, ugi
mboten saking bagusing rupo, ananging mulyaning manungsa mungguhing gusti Allah
yaiku wong-wong kang pada taqwa dumateng ngarsanipun Allah SWT”
Semanten ugi mangga kita angambali syukur kita dumateng Allah , amargi
wonten ing enjang puniko kita taseh kaparingan umur panjang, sehingga kita
sedaya tasih saget kempal manunggal, bershaf-shaf wonten ing masjid punika
kangge nglaksanakaken sholat idhul fitri kanthi berjamaah. Mugi-mugi
kebahagiaan puniko mboten naming kita pikantuk wonten ing donya kemawon,
ananging ugi kita pikantuk wonten ing akhirat samangkeh.
Alahuakbar 3x..walillahilkham..
Jama’ah sholat idhul fitri ingkang minulya..
Wonten
ing sasana kemenangan ingkang hingar binger saha menggelora wonten ing jiwa
kita, mangga kita renungaken hakikat amal saha tumindak ingkang sampun kita
lampahi sesarengan, sebab tembung idhul fitri kapendhet saking basa arab inggih
punika “Fitrah”, anggadahi makna wangsul dumateng kesucian utawi wangsul kados
dene jabang bayi ingkang lahir tanpa dosa sekedhik kemawon, nanging wonten ing
sesrawungan manungsa anggadahi kewajiban kangge berhubungan. Sae
Hablumminnallah utawi Hablumminnannas. Manungsa mboten saget luput saking
ingkang namine kesalahan saha dosa ingkang kasengaja utawi mboten kasengojo.
Allahuakbar 3X, Walillahilkham..
Wonten ing enjang puniko kita merayakan kemenangan,
amargi kita sampun saget melawan hawa nafsu wonten ing wulan suci romadhon
kanthi nglaksanakaken siam sewulan muput sinajanto tantangan, halangan, saha
rintangan tansah nggegoda. ananging kita kedah saget berhasil wonten ing wulan
siam puniko supados kita saget pikantuk derajatipun tiyang muttaqin. Amargi
Allah sampun dawuh wonten ing Al-Qur’an ..
“Yaayyuhallazdina’amanukutiba’alaikumussiyamkamakutiba
‘alalladinaminkoblikumla’allakum tattaquun” (Q.S Al-Baqarah : 183 )
Ingkang artosipun..” Hee, wong kang podo iman, diwajibne marang sira kabeh pasa kaya dene
kang wis diwajibke marang wong-wong sakdurung iro supoyo sira dadi wong kang
taqwa”
Rosulullah SAW
ugi dawuh
“ ‘an abi hurairata R.A , ‘anninabiyyi SAW qola
manshoumaromadhona imanan wahtisaban ghufirolahu mataqodama mindambiih”
Ingkang
artosipun “ Dari abuhurairah R.A deweke
ngendika nabi SAW bersabda sok sopo wonge sing nindakake poso ono ing wulan
romadhon krono iman lan ngarep-arep ganjaran saka Allah maka diampuni
dosa-dosane sing wis kliwat” (H.R Bukhori juz 2 , hal 228 , Muslim Juz 1 hal.
124 )
Ingkang salajengipun wonten ing wulan romadhon, sami nindakaken
tadarus al-qur’an, shalat tarawih, ngedhalaken zakat fitrah, saha tumindak sae
sanes-sanesipun, lan kita akhiri kanthi sholat idhul fitri kanthi berjama’ah.
Sedaya kalawau nedhahaken bilih ingkang menang
menguasai jiwa kita inggih menika nafsu “mutmainah”, inggih menika nafsu
ingkang patuh lan tunduk dumateng Allah SWT, nafsu ingkang tansah ngajak dateng
kemaslahatan kangge tiyang kathah ingkang dupun dasari semata-mata pados
ridhonipun Allah SWT. Awit saking puniko sampun sak mestinipun mulai detik
punika, kita sampun dipun hapus dosa-dosa ingkang berhubungan kalihan
“Haqullah” . resik saking dosa-dosa ingkang kita perbuat langsung berhubungan
dengan Allah, nanging wonten ing pundi
pintu ampunan Allah tergantung dumateng tiyang ingkang dipunsakiti kalawau.
Saha perlu dimangertosi kita sadari lan akui bilih dosa lan kesalahan kita sesami
gesang langkung-langkung dumateng
kekalih tiyang sepuh kita ingkang sampun ngrawat, sampun ndidik kita kanthi
belaian kasih sayang, ingkang kesalahan kalawau dipun sengaja utawi mboten.
“Amargi
sesae-saenipun lan sealim-alimipun manungsa tentu nggadahi salah lan dosa
dumateng tiyang sanes, langkung-langkung dumateng tiyang sepuh”
Sebab manungsa punika anggadahi sifat syaitoniyah lan
sifat-sifat hewaniyah ingkang mapu njrumusaken kita wonten ing kubangan dosa
lan kesalahn. Pramila saking punika, wonten ing 1 syawal puniko mangga kita
sami-sami nyuwun saha paring pangapura
dumateng tangga tepalih, sanak family, lan keluwargo. Mugi-mugi kanthi idhul
fitri punika kita saget wangsul suci, resik saking dosa lahir lan batinipun,
amin yaa robbal’alamiin..
Allahuakbar 3x, wallillahilkham..
Jama’ah sholat idul fitri ingkang kamulyan..
Wonten ing satunggaling paribasaning para winasis
rumiyin ngendhikaaken
“laissal
‘idullima labisal jadida walakinnal ‘idaliman to’atuhu watho’fahu tazidhu
wa’anil ma’asiba’id”
Ingkang artosipun, “ora diarani id, utawa dina riyaya iku kanggone wong sing nganggo
pakaian anyar, tapi id iku kanggone wong kang ketaatane lan ketaqwaane tambah
lan tansah ngeduhi tumindak maksiat “.
Menawi mekaten , sampun jelas sanget kangge kita bilih
idul fitri niku mboten ngerupakaken akhir saking poso romadhon, tapi kedah
wonten kesinambunganipun kalian sasi-sasi salajengipun. Malahan mulai saking
idul fitri nikilah kita bade mbuktikaken berhasil lan mbotene meraih derajat
muttaqin menika. Lan sebagai bukti keberhasilanipun siam termasuk meraih
derajat muttaqiin utawi mboten. Saget dipun tingali saking cirri-ciri ingkang
nandhakaken siamipun manungso kolowau dipun tampi dening Allah liwat amal
sholeh saking hasil didikan siam romadhon. Diantaranipun inggih menika:
Kagungan sifat
rahmah lan safaqoh, terutami dateng fakir miskin, anak-anak yatim, lan
tiyang-tiyang ingkang gesangipun sengsoro. Menawi siamipun dipun tampi dening
Allah ,tiyang kolowau mboten bade nyiak-nyiakaken dumateng tiyang ingkang
sengsoro kolowau.
2. Anggadahi sifat
ikhlas dalam beribadah , artosipun piyambakipun beramal naming semata-mata
ngarep ridho saking Allah, amargi siam niku latihan ikhlas sebab siam mboten
ketingal saking tiyang sanes lan sulit ditebak. Siam niku bade berhasil menawi
dilampahi kanthi ikhlas ,pramila menika menawi siam ingkang dilampahi kolowau
berhasil piyambakipun mboten bade ngarep-arep pujian lan sanjungan saking tiyang
sanes,
“sakjeroning
siam, manungso dipun didik bilih keridhoan Allah langkung ageng tinimbang
segala-galanipun “…..”waridwanun minnallahi akbar “ (Q.S At-Taubah: 72 )
3.
Wonten ing
salebeting ibadah siam, tiyang islam dipun didik supados menghindari perkataan
utawi perbuatan ingkang tercela. Piyambakipun dipun didik supados saget
ngendalikaken lisan, supados mboten ngedhalaken
ucapan keji, kotor, fitnah, greneng-greneng, lan ucapan ingkang
manasaken ati lan nyinggung perasaan atinipun tiyang sanes. Malahan rosulullah
SAW ngingetaken “sopo sing ora ninggalke
ucapan kotor lan perbuatan kotor , ora ono artine ing ngarsane Allah. Dheweke
ninggalke mangan lan ngombe” (H.R Bukhori)
Kenging punopo kita dilarang ngucap kotor lan berbuat
kotor? Sebab ucapan lan perbuatan kotor menika nandhakaken bilih jiwa tiyang
kolowau nggih kotor, lan perlu dipun mangertosi
bilih-bilih taqwa dumateng Allah SWT mboten saget dipun capai karono
tanpa pembersihan jiwa saking hal-hal ingkang ngotori. Cahaya rokhaniyah mboten
mampu nimbus ati ingkang kotor, ingkang kebak dosa lan maksiat. Nur robbani
mboten saget terpantul saking jiwa ingkang kotor.
4.
Menjaga
silaturrahim. Tiyang ingkang bener-bener berhasil siamipun bade tambah roso solidaritasipun
dumateng sesami manungso, bade tambah sae ibadah kita dumateng Allah, kita
badhe dados tiyang ingkang seneng berkoraban demi kepentingan umum. Mempererat
paseduluran liwat silaturahim sesami sedulur muslim langkung-langkung wonten
ing dinten riyaya puniko. Mila kita sami-sami ngraketaken hubungan antara ssami
muslim, lan langkung dipererat lewat
silaturrahim wonten ing dinten riyadi puniko.
Kita berusaha saling mebuka pintu maaf dateng sesami
dulur kita , amargi menurut dasaripun, manungso puniko nggadahi salah , dosa,
sarta lali . kita bucal tebih-tebih sifat sombong lan angkuh, rumaos paling
bener lan rumaos mboten kagungan salah, sarta mboten butuh nyuwun pangapunten
dating tiyang sanes. Wonten saat puniko kathah tiyang ingkang kanthi sengojo
medhot sillaturrahim. Anak kalih tiyang sepuh, sedulur tuwo kalian sedulur nom,
langkung lagnkung kalian rencang ingkang benten pemahamanipun. Tiyang-tiyang
kolowau cetho medhot nilai silaturrahim. Padahal, rosulullah SAW sampun
ngendhiko “ Yaa utbah, ‘ala uhbiruka bi
afdoli aklaqi ahlidunya wal akhirat? Tasilu mankhoto’aka watu’di manharomaka
wata’fu ‘amandolahaka”
“hei utbah,
gelem to koe tak paring kabar masalah akhlake penghuni dunia lan akhirat sing
paling utama? Yaiku sira gelem nyambung wong sing medhot hubungan silaturrahim
karo awakmu, paring wong sing ora tau gelem menehi marang sliramu lan ngapura
wong sing daksiya marang awakmu”.
Allahuakbar 3x, walillahilkham…
Jama’ah sholat idhul fitri ingkang sami kamulyan…
Ing akhiripun monggo kita sami-sami ndedongo dumateng
allah SAW, mugi-mugi ibadah siam salami wulan romadhon ingkang nembe kita
lampahi dipun tampi dening Allah SWT lan derajat kita dipun tingkataken dening
Allah sarto digolongaken wonten ewune golongan tiyang ingkang muttaqiin, amin..amin..yaa
robbal’alamiin..
Barakallahu liwalakum filqur’anil ‘adzim..
Wanafi’ni waiyyakum bimafihii minal ayati wadirril
haqim wataqaballohu minnawaminkum tilawitaru innahu huwassamingun’aliim..
Wastagfiruhu innahu huwalghafururrohim..
Allahumagfir.. lilmuslimin walmuslimat wal mukminin
walmukminat al ahya’I minhum wal akhwat. inaka khoribu mujibudaawat………………
Robana hablan min azwazina wadhuriyatina qurotoayyun
waj’alna lil muttaqina imama
Robbana latu ziqulubana ba’da id hadai tana wahablana
min ladunka rohmah innaka antal wahab
Allahumma innanas salamatan fidinnina waafiyatan fil
jasatina waziyadatan fil’ilmina wabarokatan firizkina wataubatan qoblal maut
warrohmatan indal maut wamakhfirotan ba’dal maut
Allahuma hafin’alaina fi sakarotil maut wa najata
minannar wa ahwa indal hisab
Robana atina fidunya khasanal wafil akhiroti khasana
waqina ‘adzabanar
Subkhana robika robbil ‘imzati ‘amayasifun
wasalamu’alal mursalin walkhamdulillahirobil’alamin ..
Wassalamu'alaikum wr.wb…..