Rabu, 07 Agustus 2013

Father's Teks :-)

Khutbah Idul Fitri

Assalamu’alaikum wr. Wb….

Allahuakbar 3x

Allahuakbar kabiru wal hamdulillahi kasiro, wasubhanallohi bukhrota wa’asila laila haillolloh huallahuakbar..
Allahuakbar walillahilkham..

Minal hamdalillah nahmaduhu wanas ta’inuhuwanastaqfiru wana’udubillah mingsururi anfusina wamin sayiati akmalina mayyah dihi fala mudilalah wamayyutlilhu wala hadiyalah ashaduala ila ha ilalloh wa ashadu ana muhammadan abduhu warosuluh, allohuma soli’ala Muhammad wa’ala ali Muhammad kamasholaita ‘ala ibrohim wa’ala ibrohim fil ‘ala mina innaka hamidummajid
Ya ayyuhalladzina amanu qitakkullah qitaqullaha qakotu qotihi wala tamutu ila wa antum muslimun,qolallohu ta’ala filqur’anil karim, bismillahirrohmanirrohim ya ayyuhalladzina amanu kutiba alaikumussiam kama kutiba ‘alaladzina minqoblikum la’alakum tattaqun. Wa qola rosulolloh Muhammad SAW: Man shouma Romadhona imanan wahtisaban qofirolahu maataqodama mimdambih. Ama ba’du..

Dumateng panjenenganipun Bp.imam ingkang kawula hurmati..
Dumateng panjenenganipun muslimin muslimat jama’ah idhul fitri ingkang insyaallah dipun mulyakaken Allah SWT.

Kangge murwa kane atur khutbah kawula, sumangga kita sareng-sareng ngunjukaken puja puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring pinten-pinten rahmat, hidayah , inayahipun, langkung-langkung nikmat iman islam , sehingga kita saget nindakaken siam sewulan muput saha kita saget nindakaken sholat idhul fitri kanti berjamaah wonten masjid al-jihad ing enjang puniko. Tan katalumpen, sholawat salam kunjuk dumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW..ingkang sampun mbeta kita saking jaman jahiliyah sehingga kita saget mengenal dinul islam. Semanten ugi, ingkang insyaallah kita tenggo syafa’at lan pitulunganipun wonten ing akhirat samangkeh..

Allahuakbar 3x, walillahilkham..

            Perlu kita ucapaken syukur saha kita sadari bilih wonten ing enjang puniko Allah ‘Azza Wajalla ngetingalaken kemulyaan  saha keagungan lan kebesaranipun, sehingga sedoyo umat islam wonten ing lumahing bumi kureping langit , wonten ing plosok-plosok dusun utawi ing tengah-tengah kitho, wonten ing masjid-masjid lan mushola-mushola, lan wonten ing tanah lapang, kita sami-sami bertauhid dumateng Allah SWT kanthi bangkit sesarengan mengumandangaken takbir, tahlil, saha tahmid.

            Awit saking puniko, wonten ing kesempatan ingkang berbahagia puniko kawula ngajak dumateng diri pribadi kawula khususipun saha panjenengan sami, mangga-mangga kita tundhukaken jiwa lan raga kita kangge patuh dumateng ngarsa dalem Allah SWT, sebab kanthi raos taqwa puniko insyaallah kita sedaya kalebet tiyang-tiyang ingkang khusnul khotimah saha kaparingan kamulyan gesang  wonten ing sisi Allah SWT.
“Sebab mulyane manungsa mungguhing gusti Allah mboten saking bagusing busana, ugi mboten saking bagusing rupo, ananging mulyaning manungsa mungguhing gusti Allah yaiku wong-wong kang pada taqwa dumateng ngarsanipun Allah SWT”

            Semanten ugi mangga kita angambali syukur kita dumateng Allah , amargi wonten ing enjang puniko kita taseh kaparingan umur panjang, sehingga kita sedaya tasih saget kempal manunggal, bershaf-shaf wonten ing masjid punika kangge nglaksanakaken sholat idhul fitri kanthi berjamaah. Mugi-mugi kebahagiaan puniko mboten naming kita pikantuk wonten ing donya kemawon, ananging ugi kita pikantuk wonten ing akhirat samangkeh.

Alahuakbar 3x..walillahilkham..
Jama’ah sholat idhul fitri ingkang minulya..

            Wonten ing sasana kemenangan ingkang hingar binger saha menggelora wonten ing jiwa kita, mangga kita renungaken hakikat amal saha tumindak ingkang sampun kita lampahi sesarengan, sebab tembung idhul fitri kapendhet saking basa arab inggih punika “Fitrah”, anggadahi makna wangsul dumateng kesucian utawi wangsul kados dene jabang bayi ingkang lahir tanpa dosa sekedhik kemawon, nanging wonten ing sesrawungan manungsa anggadahi kewajiban kangge berhubungan. Sae Hablumminnallah utawi Hablumminnannas. Manungsa mboten saget luput saking ingkang namine kesalahan saha dosa ingkang kasengaja utawi mboten kasengojo.

Allahuakbar 3X, Walillahilkham..

Wonten ing enjang puniko kita merayakan kemenangan, amargi kita sampun saget melawan hawa nafsu wonten ing wulan suci romadhon kanthi nglaksanakaken siam sewulan muput sinajanto tantangan, halangan, saha rintangan tansah nggegoda. ananging kita kedah saget berhasil wonten ing wulan siam puniko supados kita saget pikantuk derajatipun tiyang muttaqin. Amargi Allah sampun dawuh wonten ing Al-Qur’an ..
“Yaayyuhallazdina’amanukutiba’alaikumussiyamkamakutiba ‘alalladinaminkoblikumla’allakum tattaquun” (Q.S Al-Baqarah : 183 )
Ingkang artosipun..” Hee, wong kang podo iman, diwajibne marang sira kabeh pasa kaya dene kang wis diwajibke marang wong-wong sakdurung iro supoyo sira dadi wong kang taqwa”
 Rosulullah SAW ugi dawuh
“ ‘an abi hurairata  R.A , ‘anninabiyyi SAW qola manshoumaromadhona imanan wahtisaban ghufirolahu mataqodama mindambiih”
Ingkang artosipun “ Dari abuhurairah R.A deweke ngendika nabi SAW bersabda sok sopo wonge sing nindakake poso ono ing wulan romadhon krono iman lan ngarep-arep ganjaran saka Allah maka diampuni dosa-dosane sing wis kliwat” (H.R Bukhori juz 2 , hal 228 , Muslim Juz 1 hal. 124 )

Ingkang salajengipun wonten ing wulan romadhon, sami nindakaken tadarus al-qur’an, shalat tarawih, ngedhalaken zakat fitrah, saha tumindak sae sanes-sanesipun, lan kita akhiri kanthi sholat idhul fitri kanthi berjama’ah.

Sedaya kalawau nedhahaken bilih ingkang menang menguasai jiwa kita inggih menika nafsu “mutmainah”, inggih menika nafsu ingkang patuh lan tunduk dumateng Allah SWT, nafsu ingkang tansah ngajak dateng kemaslahatan kangge tiyang kathah ingkang dupun dasari semata-mata pados ridhonipun Allah SWT. Awit saking puniko sampun sak mestinipun mulai detik punika, kita sampun dipun hapus dosa-dosa ingkang berhubungan kalihan “Haqullah” . resik saking dosa-dosa ingkang kita perbuat langsung berhubungan dengan Allah, nanging  wonten ing pundi pintu ampunan Allah tergantung dumateng tiyang ingkang dipunsakiti kalawau. Saha perlu dimangertosi kita sadari lan akui bilih dosa lan kesalahan kita sesami gesang  langkung-langkung dumateng kekalih tiyang sepuh kita ingkang sampun ngrawat, sampun ndidik kita kanthi belaian kasih sayang, ingkang kesalahan kalawau dipun sengaja utawi mboten.
“Amargi sesae-saenipun lan sealim-alimipun manungsa tentu nggadahi salah lan dosa dumateng tiyang sanes, langkung-langkung dumateng tiyang sepuh”

Sebab manungsa punika anggadahi sifat syaitoniyah lan sifat-sifat hewaniyah ingkang mapu njrumusaken kita wonten ing kubangan dosa lan kesalahn. Pramila saking punika, wonten ing 1 syawal puniko mangga kita sami-sami nyuwun  saha paring pangapura dumateng tangga tepalih, sanak family, lan keluwargo. Mugi-mugi kanthi idhul fitri punika kita saget wangsul suci, resik saking dosa lahir lan batinipun, amin yaa robbal’alamiin..

Allahuakbar 3x, wallillahilkham..
Jama’ah sholat idul fitri ingkang kamulyan..

Wonten ing satunggaling paribasaning para winasis rumiyin ngendhikaaken
“laissal ‘idullima labisal jadida walakinnal ‘idaliman to’atuhu watho’fahu tazidhu wa’anil ma’asiba’id”
Ingkang artosipun, “ora diarani id, utawa dina riyaya iku kanggone wong sing nganggo pakaian anyar, tapi id iku kanggone wong kang ketaatane lan ketaqwaane tambah lan tansah ngeduhi tumindak maksiat “.

Menawi mekaten , sampun jelas sanget kangge kita bilih idul fitri niku mboten ngerupakaken akhir saking poso romadhon, tapi kedah wonten kesinambunganipun kalian sasi-sasi salajengipun. Malahan mulai saking idul fitri nikilah kita bade mbuktikaken berhasil lan mbotene meraih derajat muttaqin menika. Lan sebagai bukti keberhasilanipun siam termasuk meraih derajat muttaqiin utawi mboten. Saget dipun tingali saking cirri-ciri ingkang nandhakaken siamipun manungso kolowau dipun tampi dening Allah liwat amal sholeh saking hasil didikan siam romadhon. Diantaranipun inggih menika:

                Kagungan sifat rahmah lan safaqoh, terutami dateng fakir miskin, anak-anak yatim, lan tiyang-tiyang ingkang gesangipun sengsoro. Menawi siamipun dipun tampi dening Allah ,tiyang kolowau mboten bade nyiak-nyiakaken dumateng tiyang ingkang sengsoro kolowau.


2.                               Anggadahi sifat ikhlas dalam beribadah , artosipun piyambakipun beramal naming semata-mata ngarep ridho saking Allah, amargi siam niku latihan ikhlas sebab siam mboten ketingal saking tiyang sanes lan sulit ditebak. Siam niku bade berhasil menawi dilampahi kanthi ikhlas ,pramila menika menawi siam ingkang dilampahi kolowau berhasil piyambakipun mboten bade ngarep-arep pujian lan sanjungan saking tiyang sanes,
“sakjeroning siam, manungso dipun didik bilih keridhoan Allah langkung ageng tinimbang segala-galanipun “…..”waridwanun minnallahi akbar “ (Q.S At-Taubah: 72 )
3.      
              Wonten ing salebeting ibadah siam, tiyang islam dipun didik supados menghindari perkataan utawi perbuatan ingkang tercela. Piyambakipun dipun didik supados saget ngendalikaken lisan, supados mboten ngedhalaken  ucapan keji, kotor, fitnah, greneng-greneng, lan ucapan ingkang manasaken ati lan nyinggung perasaan atinipun tiyang sanes. Malahan rosulullah SAW ngingetaken “sopo sing ora ninggalke ucapan kotor lan perbuatan kotor , ora ono artine ing ngarsane Allah. Dheweke ninggalke mangan lan ngombe” (H.R Bukhori)
Kenging punopo kita dilarang ngucap kotor lan berbuat kotor? Sebab ucapan lan perbuatan kotor menika nandhakaken bilih jiwa tiyang kolowau nggih kotor, lan perlu dipun mangertosi  bilih-bilih taqwa dumateng Allah SWT mboten saget dipun capai karono tanpa pembersihan jiwa saking hal-hal ingkang ngotori. Cahaya rokhaniyah mboten mampu nimbus ati ingkang kotor, ingkang kebak dosa lan maksiat. Nur robbani mboten saget terpantul saking jiwa ingkang kotor.
4.      
         Menjaga silaturrahim. Tiyang ingkang bener-bener berhasil siamipun bade tambah roso solidaritasipun dumateng sesami manungso, bade tambah sae ibadah kita dumateng Allah, kita badhe dados tiyang ingkang seneng berkoraban demi kepentingan umum. Mempererat paseduluran liwat silaturahim sesami sedulur muslim langkung-langkung wonten ing dinten riyaya puniko. Mila kita sami-sami ngraketaken hubungan antara ssami muslim, lan langkung dipererat  lewat silaturrahim wonten ing dinten riyadi puniko.


Kita berusaha saling mebuka pintu maaf dateng sesami dulur kita , amargi menurut dasaripun, manungso puniko nggadahi salah , dosa, sarta lali . kita bucal tebih-tebih sifat sombong lan angkuh, rumaos paling bener lan rumaos mboten kagungan salah, sarta mboten butuh nyuwun pangapunten dating tiyang sanes. Wonten saat puniko kathah tiyang ingkang kanthi sengojo medhot sillaturrahim. Anak kalih tiyang sepuh, sedulur tuwo kalian sedulur nom, langkung lagnkung kalian rencang ingkang benten pemahamanipun. Tiyang-tiyang kolowau cetho medhot nilai silaturrahim. Padahal, rosulullah SAW sampun ngendhiko “ Yaa utbah, ‘ala uhbiruka bi afdoli aklaqi ahlidunya wal akhirat? Tasilu mankhoto’aka watu’di manharomaka wata’fu ‘amandolahaka”

“hei utbah, gelem to koe tak paring kabar masalah akhlake penghuni dunia lan akhirat sing paling utama? Yaiku sira gelem nyambung wong sing medhot hubungan silaturrahim karo awakmu, paring wong sing ora tau gelem menehi marang sliramu lan ngapura wong sing daksiya marang awakmu”.

Allahuakbar 3x, walillahilkham…
Jama’ah sholat idhul fitri ingkang sami kamulyan…

Ing akhiripun monggo kita sami-sami ndedongo dumateng allah SAW, mugi-mugi ibadah siam salami wulan romadhon ingkang nembe kita lampahi dipun tampi dening Allah SWT lan derajat kita dipun tingkataken dening Allah sarto digolongaken wonten ewune golongan tiyang ingkang muttaqiin, amin..amin..yaa robbal’alamiin..

Barakallahu liwalakum filqur’anil ‘adzim..
Wanafi’ni waiyyakum bimafihii minal ayati wadirril haqim wataqaballohu minnawaminkum tilawitaru innahu huwassamingun’aliim..
Wastagfiruhu innahu huwalghafururrohim..

Allahumagfir.. lilmuslimin walmuslimat wal mukminin walmukminat al ahya’I minhum wal akhwat. inaka khoribu mujibudaawat………………
Robana hablan min azwazina wadhuriyatina qurotoayyun waj’alna lil muttaqina imama
Robbana latu ziqulubana ba’da id hadai tana wahablana min ladunka rohmah innaka antal wahab
Allahumma innanas salamatan fidinnina waafiyatan fil jasatina waziyadatan fil’ilmina wabarokatan firizkina wataubatan qoblal maut warrohmatan indal maut wamakhfirotan ba’dal maut
Allahuma hafin’alaina fi sakarotil maut wa najata minannar wa ahwa indal hisab

Robana atina fidunya khasanal wafil akhiroti khasana waqina ‘adzabanar
Subkhana robika robbil ‘imzati ‘amayasifun wasalamu’alal mursalin walkhamdulillahirobil’alamin ..

Wassalamu'alaikum wr.wb…..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar